Goldhilogs lan Bruwang Têlu
Ing jaman biyen, ing sawijining omah cilik ing têngah pinggir'an alas, bocah wadon karan'an Goldhilogs urip karo wong tuwane. Ing sawijining esuk, dhewek'e tangi nalikane srengenge sumorot liwat cêndhelane; amikir yen iki wis wayah'ing umangkat wiyata, dhewek'e lumumpat saka paturon.
Ing jogan ngisor, ibuk'e lagi ariwuh.
''Iki kesuk'ên kanggo wiyata. Aja angrusuh'i awakku. Kêna ngapa kowe ora alunga lumaku-mlaku? Kowe bisa añjupuk sagunggung woh bes irêng kanggo anggawe kuwih pay kanggo pangan wêngi mêngko," grundêl'ing ibuk'e.
Goldhilogs alunga lumumpat-lumumpat mênyang alas anggondhal-nggandhul'ake krêñjang'e kanggo woh bes irêng. Arêngêng-rêngêng, dhewek'e alunga samsaya jêro mênyang alas.
*
Sauntara wêktu, dhewek'e awiwit krasa aluwe lan rada kesel. Sasabrang'ing papan kang bukak'an ing têngah alas, dhewek'e bañjur anyawang gubug.
"Sok'e, aku bisa entuk barang kanggo dipangan ing kana lan bisa aleren," pikir'e.
Dhewek'e andhodhog'i lawang ananging ora ana saur'an. Alon-alon, dhewek'e anyurung lawang lan dumadi kaget'e lawang iku ambukak. Kanthi angati-ati, dhewek'e lumêbu.
"Wilujêng?" cêluk'e, ananging ora ana kang sumaur.
Lawang'e ambutul mênyang pawon. Ana ing sadhuwur'ing meja dhewek'e bisa anyawang têlung mangkok jênang polos'an kang ambune enak saengga agawe wêtênge akrucuk'an. Mangkok-mangkok mau ana ing têlung ukur'an: gêdhe, sêdhêng'an, lan cilik. Lan ing sabên mangkok ana kursi kang uga gêdhe, sêdhêng'an, lan cilik.
Goldhilogs amarani kursi kang gêdhe dhewe amarga aduwe mangkok jênang polos'an kang gêdhe dhewe. Dhewek'e añjupuk sendhok gêdhe lan angiñcipi jênang polos'an'e.
"Adhuh!'' tangis'e. "Jênang polosan iki kapanas'ên.''
Dhewek'e apindhah mênyang kursi jejer'e lan mangkok jejer'e. Añjupuk sendhok kang sêdhêng'an dhewek'e angiñcip'i jênang polos'an'e.
"Yek!" unine, amarga anyêp bangêt.
Goldhilogs apindhah mênyang kursi jejer'e lan mangkok kang paling cilik. Añjupuk sendhok kang cilik dhewe, dhewek'e angiñcip'i jenang polos'an'e. Rasane pas. Dadi,kanthi cêpêt, dhewek'e amangan nganti êntek.
Nalika dhewek'e wis rampung, dhewek'e banjur krungu swara kang anggumun'ake lan nalika dhewek'e amangan dulang'an kapungkas, sikil'an'ing kursi kang dilungguh'i dhewek'e ambrol lan dhewek'e anggêblag gêdabuk'an ing sadhuwuring jogan.
*
*
Sabubar'e sakabeh jênang polos'an lan gêdabuk'an mau, dhewek'e ngêrti-ngêrti krasa angantuk. Dadi, dhewek'e umunggah undhak-undhak'an kang umenggak-menggok kanggo anggolek'i yen dhewek'e bisa anêmu panggon turu.
Ing kapisan, dhewek'e anêmu paturon kang gêdhe. Dhewek'e umunggah ing sadhuwur'e ananging bangêt anggone krasa kangel'an.
Bañjur, dhewek'e anêmu paturon asêdhêng'an. Dhewek'e umunggah ing sadhuwur'e ananging kêmpuk'ên, dhewek'e krasa kaya ameh kalêlêp.
Bañjur, dhewek'e anêmu paturon kang cilik bangêt. Rasane pas dadi dhewek'e umunggah ing sadhuwur'e, anyilak'ake sêpreine mênyang awake lan banjur tumandang aturu anglêr.
*
Dene awak'e lagi aturu, para juru gubug 'e umulih. Dhewek'e kabeh yaiku bruwang têlu: Bapak Bruwang, Ibu Bruwang, lan Anak Bruwang. Dhewek'e kabeh bubar lumaku-lumaku ing alas sadurung'e asarapan lan saiki padha aluwe.
"Wilujêng, apa iki?" baung'ing Bapak Bruwang ing swarane kang gêdhe. "Kaya-kayane ana wong kang wis angrusuh'i jênang polos'anku lan sapa wong'e wis aninggal tapak'e kang agupak blêthok ing kursiku."
Ibu Bruwang atêka anyawang.
"Awakmu abênêr, pak," unine kanthi swara baung kang rada alus. "Ana wong kang wis amangan jênang polos'anku uga lan aku krasa tumênan bantalan'ing kursiku wis dilungguh'i.''
Anak Bruwang banlñjur anangis.
"Ana wong kang wis amangan jelênang polos'anku lan wis angêntek'ake kabeh lan wis angrusak kursiku sisan!" tangis'e ing baung'e kang cilik lan umêngkik-mêngkik.
"Sapa sing wis agawe barang iki? Lan êndi wong'e saiki?" gumun'e kabeh.
Dhewek'e kabeh anggolek'i ing sajêroning omah lan umunggah mênyang dhuwur.
"Lha," baung'e Bapak Bruwang, "ana wong kang wis klekar'an ana ing sadhuwuring paturonku ananging wis ora ana."
"Ana wong kang wis ing sadhuwuring paturonku uga," ujar'e Ibu Bruwang, "ananging aku ora anyawang wong'e."
Bañjur, dhewek'e padha krungu swara êngkik'an saka Anak Bruwang.
"Bapak! Ibuk! Rawuh mariki acêpêt, wontên tiyang kang atilêm anglêr ing sanginggil'ing patilêm'an kula!"
Bapak lan Ibu Bruwang acêpêt-cêpêt'an mênyang sênthong'e lan angadêg ing sakiwatêngên'ing paturon anyawang Goldhilogs. Dhewek'e banjur atangi kanthi akaget lan awêdi anyawang bruwang têlu anyawang'i dhewek'e.
Sadurung'e padha bisa angomong apa-apa, dhewek'e lumumpat saka paturon, mênyang cêndhela lan lumayu alunga liwat alas abali mênyang omah'e amarga dhewek'e ora umudhêng yen awak'e kabeh iku bruwang kang alus lan akakañcan tumênan.
"Lha aku ora tau," baung'ing Bapak Bruwang, akukur-kukur sirah'e. ''Simbah kakungku angandika yen manungsa iku anggumun'ake. Agilak-gilak, amangan'i jênang polosan iku kabeh lan banjur lumayu alunga.''
Kabingung'an, bruwang têlu mau abali menyang pawon ing ngêndi Bapak Bruwang ambênak'ake kursining Anak Bruwang, dene Ibu Bruwang amangsak luwih akeh jênang polos'an. Lan awiwit dina iku anganti saiki, para bruwang ing saindhêng'ing donya wis tansah umudhêng yen manungsa iku barang urip kang anggumun'ake kang ora bisa dipracayak'ake jênang polos'an.
-Arampung-